Andaka ketaman wisaya (saloka)
|
=
|
Tegese lugu: Bantheng kena ing pasangan.
Maksude: Wong prekaran, bareng rumangsa
bakal kalah banjur lung (minggat).
|
Asu gedhe menang kerahe
|
=
|
Wong apangkat dhuwur
lan duwe panguwasa lumrahe menang gertake.
|
Asu marani gebug
|
=
|
Njarag marani marang bebaya.
|
Ati bengkong oleh oncong
|
=
|
Duwe sedya ala oleh dalan kanggo
nglakoni.
|
Bahni nempuh warih (saloka)
|
=
|
Tegese lugu: Geni nrajang banyu.
Maksude: Wong gugat-ginugat, sawise
diadili, wong kang prakaran mau salah sijine banjur nggugat pengadilan kang
ngadili.
|
Baladewa ilang gapite
|
=
|
Wong kang wis ilang kekuwatane utawa panguwasane.
|
Bathok bolu isi madu
|
=
|
Wong asor nanging duwe kaluwihan utawa kapinteran.
|
Bebek diwuruki nglangi
|
=
|
Wis pinter
diwulang.
|
Bebek mungsuh mliwis
|
=
|
Wong pinter memungsuhan karo wong
pinter, nanging sing siji kalah prigel lan kalah kulina.
|
Belo melu seton
|
=
|
Milu ing
grubyuk, nanging ora weruh ing rembug (atut grubyuk, ora weruh apa-apa).
|
Bremana amangun lingga (saloka)
|
=
|
Tegese lugu: Kumbang ngrengga salira.
Maksude: Priya mamerake baguse utawa
kaluwihane ana ing sangarepe wanita.
|
Cebol nggayuh lintang
|
=
|
Samubarang/gegayuhan/kekarepan
kang mokal kalakone.
|
Cecak nguntal elo
|
=
|
Gegayuhan kang mokal bakal kelakon.
|
Dhandhang diunekake
kuntul, kuntul diunekake dhandhang
|
=
|
Mitenah ing wong. Sing
bener utawa becik dikandhakake ala lan kang ala dikandhakake bener utawa
becik.
|
Dhemit ora ndulit setan ora doyan
|
=
|
Tansah nemu kaslametan.
Ora ana sambekala kang bisa tumama.
|
Dom sumuruping banyu
|
=
|
Wong kang laku sesidheman kanggo
nyumurupi wewadi.
|
Durjana mati raga (saloka)
|
=
|
Tegese lugu: Maling tirakat.
Maksude: Wong ala nekad mati.
|
Emprit abuntut bedhug
|
=
|
Prekara
cilik dadi prekara gedhe.
|
Endhas gundhul dikepeti
|
=
|
Wis kepenak malah
dikepenakake maneh.
|
Gagak lincak
|
=
|
Wong kang bola-bali pindhah panggonan.
|
Gagak nganggo elar merak
|
=
|
Wong asor kang caraning urip
(nyandhang-manganggone) niru wong gedhe.
|
Gajah alingan suket teki
|
=
|
Yen lair lan batine beda mesthi bakal ketara.
|
Gajah elar
|
=
|
Sarwa gedhe lan santosa kekarepane.
|
Gajah ngidak rapah
|
=
|
Panguwasa
kang nerak wewalere dhewe.
|
Gajah tumbuk, kancil
mati ing tengah
|
=
|
Wong gedhe
padha pasulayan, wong cilik mati ing sajroning pasulayan mau.
|
|
|
|
Geni Guntur anila bena (saloka)
|
=
|
Tegese lugu: Geni gelap, angin gedhe.
Geni pepindhane wong gedhe; Guntur
ngibarate prentahe wong gedhe; anila bena (angin gedhe) pepindhane prentah
kang ora kena dibantah.
Maksude: Dhawuhe wong gedhe ora kena
dibantah.
|
Giri suci, jaladri pawarta, surya sasangka, anila
tanu (saloka)
|
=
|
Tegese lugu: Gunung banyu, sagara banyu,
srengenge rembulan, angin bunglon.
Maksude: Para kang ngadili prakara
santosane panggalihe kaya gunung, resiking kaya banyu bening, kawruhe jembar
kaya sagara, teranging pamriksane kaya srengenge, manising tembunge kaya
rembulan, tibaning putusan kaya angin nempuh kekayon, ora kena owah utawa
molah-malih kaya bunglon.
|
Iwak klebu ing wuwu
|
=
|
Kena paeka
kanthi gampang.
|
Jati ketlusuban ruyung
|
=
|
- Golonganing wong becik klebon wong ala watake.
- Kelebon telik sandi
mungsuh.
|
Jaran kerubuhan empyak
|
=
|
Wong kang wis kanji (kapok) nglakoni
jalaran wis tau ngalami sangsara.
|
Kacang mangsa ninggala
lanjaran
|
=
|
Wewatakane
anak iku ngepleki utawa padha karo
watake wong tuwane.
|
Kacang tinggal lanjaran
|
=
|
Wong kang kaanane ora kaya wong tuwane.
|
Kebo ilang tombok
kandhang
|
=
|
Kelangan
kang matumpa-tumpa utawa kapitunan luwih saka sawarna.
|
Kebo kabotan sungu
|
=
|
Rakasa
uripe amarga kakehan anak.
|
Kebo lumaku pinasangan
|
=
|
Goleh/njaluk
diwenehi pagawean.
|
Kebo lumumpat palang
|
=
|
Ngadili
prekara tanpa wewaton utawa paugeran kang gumathok.
|
Kebo mulih ing kandhang
|
=
|
- Mulih marang papan
asale sawise nglembara suwe.
- Pangkat kang oncal saka sawijining waris (pangkat
kang olehe sarana pilihan kayata lurah), wasana bisa bali marang waris iki
mau.
|
Kebo nusu gudel
|
=
|
Wong tuwa
njaluk wuruk marang wong enom.
|
Kemladheyan ngajak sempal
|
=
|
- wong ngenger gawe
rusake wong kang dingengeri.
- sadulur kang dadi
tanggungan, gawe karusakan (gawe kapitunan) marang sadulur kang mitulungi.
|
Kere munggah bale
|
=
|
Wong asor
duwe pangkat dhuwur, wekasane lali asale.
|
Kethek saranggon
|
=
|
Sagrombol
(wong) padha golong-gilig arep gawe rerusuh utawa tumindak ala.
|
Kriwikan dadi grojogan
|
=
|
Prekara
cilik dadi prekara gedhe.
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|