Senin, 30 April 2012

Cerita Cekak


OH, TRESNAKU PEDHOT NENG TENGAH DALAN …


Pancene wong tresna iku ora mawang umur, tuwa enom, lanang wadon padha wae. Umur pira wae bisa ketaman sing jenenge tresna. Apa maneh sing ditonton saben dina mung TV sing nyiarake cinta-cintaan. Njur sing nonton kelu, rumangsa kaya-kaya sing digambarake neng TV mau. Sing rada ngrepotake wong tuwa yaiku nalika sing ketaman tresna iki durung cukup umur.
Sing arep dakcritakake iki sawijining prastawa sing kedadean ing sawijining sekolahan ing Surabaya. Ana sawijining murid wadon SMP kelas siji (pitu), dak cekak wae jenenge Cipluk (jeneng singlon) dumadakan semaput ana ing jero kamar WC, Bocah mau banjur dibopong digawa menyang ruang UKS. , Sawise eling banjur ditakoni,
“Kowe mau wis sarapan?” pitakone bu guru marang Cipluk.
“Sampun, bu” wangsulane.
“Njur, kena apa kowe kok semaput?”
Bocah mau mung meneng wae. Dumadakan kancane kenthel Cipluk kandha yen dheweke bubar nampa layang saka pacare. Jarene sesambungane Cipluk lan pacare dipedhot.
“Lho, kowe wis duwe pacar, ta?” bu guru kaget.
Cipluk ditakoni mung meneng wae. Kancane sing mangsuli, “Sampun, bu. Lha niki seratipun.” Bu guru banjur nampani layang banjur diwaca. Sawise diwaca banjur disimpen neng jero laci. Ora suwe bu guru ndangu maneh.
“Sapa pacarmu?” Cipluk ora gelem mangsuli.
“Lare kelas pitu A, bu” wangsulane .
“Undangen mrene,” bu guru banjur ngutus bocah liyane nimbali Arman (jeneng singlon) pacare Cipluk . Bareng wis teka banjur didangu,” Man, bener kowe pacare Cipluk ?”
“Boten , bu ….. boten, bu,” Arman selak.
“Lha iki layange sapa ?”
Arman ora bisa selak maneh, mung cengingas- cengingis.
“Aja cengingas-cengingis kowe. Yen ngene ki piye. Nganti semaput neng WC, njur yen ora konangan piye. Kowe tanggung jawab ?” bu guru akeh-akeh ndukani Arman. Bu guru njur mbacutake ngendikane, “Kowe kabeh ki isih piyik, isih cilik. Saiki wis ora usah layang-layangan barang. Ulangan ora tau entuk biji enem, layang-layangan digedhekke.”
Pancene bocah saiki isih cilik wis pinter pacaran, apa maneh saben dina sing diguroni TV. Bareng para bapak ibu guru krungu larah-larahe Cipluk semaput, ana sing cluluk ,”Gurune wae umur patang puluh enem durung ngrasakake pacaran, malah muride dha nganti semaput barang.”

  Basa Jawa

Tidak ada komentar: