Minggu, 17 Juni 2012

Kalatidha


Kalatidha (Ronggowarsito)

Pupuh Sinom


Mangkya darajating praja
Kawuryan wus sunyaturi
Rurah pangrehing
ukara
Karana tanpa palupi
Atilar silastuti
Sujana
sarjana kelu
Kalulun kala tidha
Tidhem tandhaning dumadi
Ardayengrat dene karoban rubeda

Ratune ratu utama
Patihe
patih linuwih
Pra nayaka tyas raharja
Panekare becik-becik
Paranedene tan dadi
Paliyasing Kala Bendu
Mandar mangkin andadra
Rubeda angrebedi
Beda-beda ardaning wong saknegara

Katetangi tangisira
Sira sang paramengkawi
Kawileting tyas
duhkita
Katamen ing ren wirangi
Dening upaya sandi
Sumaruna angrawung
Mangimur manuhara
Met pamrih melik pakolih
Temah suka ing karsa tanpa wiweka

Dasar karoban pawarta
Bebaratun ujar lamis
Pinudya dadya pangarsa
Wekasan malah kawuri
Yan pinikir sayekti
Mundhak apa aneng ngayun
Andhedher kaluputan
Siniraman
banyu lali
Lamun tuwuh dadi kekembanging beka

Ujaring panitisastra
Awewarah asung peling
Ing jaman keneng
musibat
Wong ambeg jatmika kontit
Mengkono yen niteni
Pedah apa amituhu
Pawarta lolawara
Mundhuk angreranta ati
Angurbaya angiket cariteng kuna

Keni kinarta darsana
Panglimbang ala lan becik
Sayekti akeh kewala
Lelakon kang dadi tamsil
Masalahing ngaurip
Wahaninira tinemu
Temahan anarima
Mupus pepesthening
takdir
Puluh-Puluh anglakoni kaelokan


Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Milu edan nora tahan
Yen tan milu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Ndilalah karsa
Allah
Begja-begjane kang lali
Luwih begja kang eling lawan waspada

Semono iku bebasan
Padu-padune kepengin
Enggih mekoten man Doblang
Bener ingkang angarani
Nanging sajroning batin
Sejatine nyamut-nyamut
Wis tuwa arep apa
Muhung mahas ing asepi
Supayantuk pangaksamaning
Hyang Suksma

Beda lan kang wus santosa
Kinarilah ing
Hyang Widhi
Satiba malanganeya
Tan susah ngupaya kasil
Saking mangunah prapti
Pangeran paring pitulung
Marga samaning titah
Rupa sabarang pakolih
Parandene maksih taberi ikhtiyar

Sakadare linakonan
Mung tumindak mara ati
Angger tan dadi prakara
Karana riwayat muni
Ikhtiyar iku yekti
Pamilihing reh rahayu
Sinambi
budidaya
Kanthi awas lawan eling
Kanti kaesthi antuka parmaning Suksma

Ya Allah ya Rasulullah
Kang sipat murah lan asih
Mugi-mugi aparinga
Pitulung ingkang martani
Ing alam awal akhir
Dumununging gesang ulun
Mangkya sampun awredha
Ing wekasan kadi pundi
Mula mugi wontena pitulung Tuwan

Sageda sabar santosa
Mati sajroning ngaurip
Kalis ing reh aruraha
Murka angkara sumingkir
Tarlen meleng malat sih
Sanityaseng tyas mematuh
Badharing sapudhendha
Antuk mayar sawetawis

Borong angga sawarga mesi martaya


Minggu, 10 Juni 2012

BEBASAN


Bebasan  
Unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar (kias) lan ngemu surasa pepindhan
Adol lenga kari busik
=
Wong dumdum, nanging awake dhewe ora oleh panduman.
Glugu ketlusupan ruyung
=
Kelebon telik sandi (mata-mata : Ind) mungsuh
Ana begjane ora ana daulate
=
Arep nemu kabegjan nanging wurung
Ancik-ancik pucuking eri
=
Tansah duwe rasa kuwatir.
Asu belang kalung wang
=
Wong asor nanging sugih.
Asu munggah ing papahan
=
Ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa (kang wis mati).
Barung (mbarung) sinang
=
Nyela-nyela wong kang lagi guneman
Bathang lelaku
=
Wong siji lelungan ngambah dalan kang mbebayani.
Bathang ucap-ucap
=
Wong loro lelungan ngambah dalan kang mbebayani.
Bebek mungsuh mliwis
=
Wong pinter memungsuhan karo wong pinter, nanging sing siji kalah prigel lan kalah kulina.
Beras wutah arang mulih marang takere
=
Samubarang kang wis owah, langka bisa pulih kaya asale.
Dudu berase ditempurake
=
Urun rembug nanging ora gathuk karo sing lagi dirembug.
Bisa ngrangkani kundhi
=
Bisa momong wong kang angel sraten-sratenane.
Dakdhodhoge lawange, dakkinange jambe suruhe
=
Aku kang bakal nglantarake rembugmu marang dheweke, maksude: aku kang bakal nglamarake.
Dicekoki indhing
=
Wong lanang kang tansah manut marang kekarepaning sing wadon.
Dicuthat kaya cacing
=
Ditundhung (dikon lunga) kanthi cara kang banget siya.
Emban cindhe emban siladan
=
Ora padha pangrengkuhe marang siji lan sijine (ora adil).
Gemblung jinurung, edan kuwarisan
=
Ugal-ugalan nanging tansah nemu slamet, durung tau ketanggor utawa nampa alangan.
Gondhelan kolor kathok
=
Wong wadon kang wegah pisah karo sing lanang.
Gondhelan tapih
=
Wong lanang kang wegah pisah karo sing wadon.
Gong lumaku tinabuh
=
Wong kang kumudu-kudu ditakoni.
Gong muni sasele
=
Mriksa prakara mung sara ngrungokake paturane wong siji, dene wong sijine (lawanane prakara) tanpa dititi-priksa.
Gotong mayit
=
Wong telu lelungan ngambah dalan kang mbebayani.
Gupak pulute ora mangan nangkane
=
Nandangi pagawean nanging ora ngrakake kepenake; ngrekasa tanpa pituwas.
Guyonan dadi tangisan
=
Gegojegan, wusanane gawe susah.
Idu didilat maneh
=
Njabel janji kang wis dilairake (ingkar janji: Ind.)
Idu geni
=
-     Apa kang dikarepake utawa diucapake mesthi klakon utawa digugu.
-     Kuwasa banget guneme; apa bae kang diucapake dienut wong.
Kadang konang
=
Gelem ngaku sadulur yen sugih.
Kakehan gludhug kurang udan
=
Ngibarate wong kang kakehan omong (umuk) nanging ora ana nyatane.
Kari pinjung
=
Wong wadon kang olehe nglabuhi bojone nganti banget.
Kebak luber kocak-kacik
=
Owah pikirane (edan) jalaran kakehan ngelmu.
Kedhep tesmak
=
Ora kedhep-kedhep panyawange.
Kegedhen empyang kurang cagak
=
Kakehan utawa kagedhen kekarepan kurang sarana.
Kegedhen endhas kurang utek
=
Kedhuwuren panjangkane (ora timbang karo kaanane).
Kejugrugan gunung menyan/kembang
=
Nemu kabegjan utawa nemu rejeki kang gedhe banget.
Kerubuhan gunung
=
Nemu sengsara utawa nemu cilaka.

Kekudhung walulang macan
=
Nganggo aling-aling panggedhe (wong kang duwe panguwasa), supaya gampang keturutan gegayuhane.
Kendhit mimang, kadang dewa
=
Luput saka pengrenahing utawa pialaning liyan, kali sing bebaya, paekaning mungsuh ora bisa tumama.
Kerigen sacindhil abang, caweta sawadone 
=
Balamu tokna kabeh tekan bocah-bocah pisan, yen perlu wong wadon kon padha cawetan milu lumawan mrene.
Kerot tanpa untu
=
Duwe panjangka (cita-cita) luhur nanging ora duwe sarana utawa wragad.
Kesasaban tapih
=
Wong lanang kang sarwa kalah karo sing wadon.
Ketapang ngrangsang gunung
=
Duwe panggayuh utawa panjangka kang angel bisane kelakon.
Kocak tandha lokak
=
Wong sugih umuk iku pratandha yen bodho.
Kongsi jambul wanen
=
Nganti umure wis tuwa.
Kurung munggah lumbung
=
Garwa selir/garwa ampil didadekake garwa padmi.
Kutuk marani sunduk
=
Wong kang njarak marang kacilakan.
Lawanan banda
=
Memungsuhan karo wong kang lagi apes
Lidhah sinambung karna binandhung
=
Kabar kang ditampa mung sarana saka gethok tular wae (mung krungu saka kandhane wong liya bae, ora ngerti dhewe).
Madu balung tanpa isi 
=
Regejegan padudon prakara sepele.
Malik klambi
=
 Mbalik ngiloni mungsuh.
Mbalung gajah
=
Sarwa gagah.
Mbalung peking
=
Sarwa ringkih.
Mbalung sungsum
=
Rumasuk ing sanubari
Mbalung usus
=
Wong kang nduweni kekaprepan kang kendho kenceng.
Mburu uceng kelangan dheleg
=
Ngoyak barang sepele, malah kelangan barang kang luwih gedhe.
Mrojol selaning garu
=
-     Pinunjul ing kawruh lan ora ana sing nandhingi.
-     Luput saka bebaya.
Nabok nyilih tangan
=
Namakake panggawe ala sarana kongkonan.
Ngagar metu kawul
=
Ngojok-ojoki supaya gegeran (tukar padu) nanging sing diojok-ojoki ora pasha.
Ngalasake negara
=
Ora manut pranataning Negara.
Ngangsu banyu ing kranjang
=
Maguru, sawise oleh ngelmu, ngelmune ora dipigunakake.
Ngaub awar-awar
=
Ngawula utawa ngayom marang wong mlarat utawa ora duwe panguwasa.
Nggegalak racak, nenangi kremi, ngungkat-ungkat singgat
=
Nggugah kekarepan ala.
Ngiras-ngirus
=
Nindakake pagawean kang baku lan uga pagawean liyane.
Nglungguhi klasa gumelar
=
Kari nemu kepenake. Kabeh-kabeh wis sarwa cumawis.
Ngregem kemarung
=
Momong wong kang angel wewatakane (bisa uga njalari cilaka).
Ngubak-ubak banyu bening
=
Gawe rerusuh ing papan kang tata-tentrem.
Nguthik-uthik macan dhedhe
=
Ganggu gawe marang wong kang wis lilih nepsune.
Ngutuk lor kena kidul
=
Ngandhani (mituturi) sarana ditibakake wong liya.
Nguyahi segara
=
Weweh utawa munjung marang wong sugih, senajan dianggep akeh tur becik nanging ora ana gunane.
Nguyang lara nggenjah pati
=
Njarag ngalami cilaka bisa uga njalari tekaning pati.
Nini-nini paes
=
Nganyarake barang kang wis lawas utawa wis rusak.
Nitipake daging saerep
=
Tetembungane wong masrahake anak wadon marang bojone.
Nucuk ngiberake
=
Wong mertamu disuguhi, sawise mangan sacukupe, banjur mulih mbrekat.
Nututi barang wis tiba
=
Nusuli tetembungan (kasaguhan) kang wis diucapake marang liyan, nusuli rembug anyar.
Nututi layangan pedhot
=
Nututi barang remeh, umpama ketemu ora ana ajine babar pisan.
Nyangoni kawula minggat
=
Ndandani barang kang wis rusak banget, sing sawise didandani banjur rusak maneh lan dibuwang.
Nyugokake bugel kayu sempu
=
Ngajokake utawa njagokake wong kang kurang kapinterane, amarga isih mambu sadulur.
Nyunggi lumpang kentheng
=
Ngrabi wanita putrane wong kuwasa kanthi maksud antuk pangayoman, nanging pangayoman kang ditampa ora sumbut karo aboting tanggungane.
Nyunggi lumpang kothong
=
Munggah drajade nanging ora ana pametune.
Ora ganja ora unus
=
Ora duwe kaluwihan apa-apa. Ora bandha, ora pinter, malah asor budine.
Ora gembung ora irung
=
Mlarat banget, ora duwe apa-apa.
Ora keris nanging keras
=
Ora pinter nanging bisa gawe gelan kang njalari wong liya percaya.
Ora mambu enthong irus
=
Dudu sanak dudu kadang.
Ora seguk ora watuk
=
Ora tau gelem sapa aruh (takon) marang liyan.
Ora uwur ora sembur
=
Ora menehi pawitan bandha lan ora menehi iguh-pratikel kanggo sanguning urip.
Othak-athik didudut angel
=
Wong kang omongane sajak kepenak jebul angel leladenane.
Pandengan karo srengenge
=
Lelawanan karo wong duwe panguwasa.
Pupur sawise benjut 
=
Olehe weweka (mbudidaya) sawise ngalami kapitunan utawa panandhang.
Ramban-ramban tanggung
=
Ndakwa wong nanging ora bisa nuduhake utawa nyebutake jenenge wong kang didakwa.
Rebut balung tanpa isi
=
Padudon prekara sepele.
Rebut kemiri kothong
=
Padudon prekara sepele.
Rindhik asu digitik
=
Dhasar wis karep ditari, semrinthil.
Rog-rog asem
=
Mbasakake samubarang kang ora ajeg. Kala-kala akeh, kala-kala sithik.
Rubuh-rubuh gedhang
=
Amung anut grubyug bae, ora krana saka kabisane dhewe.
Sandhing kebo gupak
=
Sesrawungan kang ora becik iku bisa ndadekake ora becik uga.
Sandhing kirik gudhigen
=
Sesrawungan kang ora becik iku bisa ndadekake ora becik uga.
Sedhakep ngawe-awe
=
-     Katone ora tumindak apa-apa, nanging sanyatane wis nglakoni tumindak ala.
-     Wis mareni tumindake kang ala, nanging isih kepengin nindakake maneh.
Suduk gunting tatu loro
=
Tumandang gawe sepisan kang ora kebeneran, bisa njalari kapitunan luwih saka sawarna.
Sumur lumaku tinimba

Wong kang kumudu-kudu diguroni utawa dijaluki wuruk.
Tesmak bathok
=
Ora duwe isin.
Timun mungsuh duren
=
Wong ringkih (sekeng) memungsuhan utawa lelawanan karo wong santosa.
Ula marani gepuk

Wong kang njarak marang kacilakan. (Kutuk marani sunduk)
Wastra bedhah kayu pokah
=
Ketaton nganti putung balunge.
Wastra lungse ing sampiran
=
Kapinteran utawa kawruh ora maedahi awit ora tau digunakake/diamalake.
Wedang lelaku tumper cinawetan
=
Bocah karam-jadah (amarga ibune nglakoni zina) dipepindhake barang panas, mula disingkiri dening liyan.
Wis kebak sundukane
=
Wong kang wis akeh banget dosane utawa kaluputane.


Minggu, 03 Juni 2012

LELUNGIDAN


LELUNGIDAN

Aja dumeh!
Aja gampang precaya amarga gampang diapusi.
Aja ndakwa wong sing ora ana!
Aja ndeleng sapa kang ngomong nanging delengen lan rungokna apa kang dikandhakake.
Aja ngandhakake apa bae kang ora kokngerteni!
Aja seneng najad yen ora seneng dicacad.
Aku iki sapa, aku iki apa? Kawruhana!
Bares, beres.
Becik ketitik ala ketara.
Kasenenganing ati ndawakake umur. sucining ati nyampurnakake akal.
Becik nacada cacadmu dhewe!
Beda kulit beda anggit.
Begja-begjaning kang lali, isih begja kang eling lan waspada.
Cacade dhewe ora tau katon?
Cag-ceg sauger cocog.
Calon durung mesthi klakon.
Carane sinau iya kudu disinau.
Cipta, rasa, karsa, lan daya kudu saeka.
Dadia ragi sarta uyahing bebrayan!
Darma bektimu apa? Takona marang awakmu dhewe!
Den bisa ajur-ajer.
Dhalang mangsa kuranga lakon.
Dhasare kawruh iku ora pracaya. Dhasare agama: pracaya
Dhasare manungsa iku kinodrat becik. Buktine emoh diarani ala.
Dhasaring ngaurip iku gotong-royong.
Dhasaring tresna: Katresnan.
Dipikir, ditandangi, didhadhagi.
Duwe sedya becik ora enggal koktindakake padha karo ndeder wiji laraning ati.
Gajah mati ninggal gadhing, manungsa mati ninggal aran.
Gemi iku becik. Mung gemining wong cethil iku kang ora becik.
Gunakna tepa slira!
Guru. Digugu? Ditiru?
Ing ngarsa sung tuladha. Ing madya mangun karsa. Tut wuri handayani.
Jangkamu jangkahen!
Jare njaluk digugu, lha kok goroh?
Jeneng tresna kudu wani nglabuhi lara lan sangsara.
Jiwa kang saras dumunung ing raga kang waras.
Jun iku yen lokak, kocak-kacik.
Kabecikan iku tansah ana sanajan tanpa tumindak ala.
Kabeh kang lagi wiwit iku angel.
Kang wani kang wenang.
Kapinteran iku ora ana watese.
Kautaman kang kudu kokutamakake!
Kawiranganing liyan tambuhana!
Kawruhana: Hakmu apa, wajibmu apa!
Kekarepan bisa nuwuhake tumindak culika.
Lair iku utusaning batin.
Lamun manungsa bisa nyirnakake pangangen-angene, bisa dadi dewa.
Lembah manah gawe kuncaraning pribadi.
Lumrah yen asu gedhe menang kerahe.
Luputing liyan. Benere dhewe. Padha nggelani. Kok ora adil?
Luwih becik ngapura tinimbang dingapura.
Luwih becik weweh tinimbang diwewehi.
Luwih becik mati tinimbang urip nanging jirih.
Luwih mbebayani mogol ing panggulawenthah tinimbang mogol ing pasinaon.
Mamerake pintermu padha bae mamerake bodhomu. Gemi, setiti, ngati-ati. Kudu diudi!
Mangan amrih urip, ora urip amrih mangan.
Melik nggendhong lali.
Meneng anggere menang.
Momor, momot, momong. Mesthi mikolehi.
Nandur kabecikan, panen kabecikan.
Nangisa sajroning seneng, ngguyua sajroning susah.
Nepsu iku abdi kang setya, bendara kang jail.
Ngajeni ing liyan ateges ngajeni awakmu dhewe.
Ngaya gelis tuwa.
Ngelihana wetengmu, waregana atimu.
Ngreti manawa ora ngreti. Sinaua!
Ngudia amrih ditiru, aja mung tiru-tiru bae.
Ngunggulake dhiri bakal diasorake, sapa andhap asor bakal diunggulake.
Nirua kang becik!
Nistha, madya, utama. Sira kudu bisa mbedakake.
Nuruta kang bener!
Nyabarake atine dhewe bae ora bisa, mendah nyabarake atining liyan.
Nyampurnakake urip klawan sucining ati.
Nyata pinter ora kuminter
Nyenyelengi. Njagani kang ora kanyana-nyana.
Ora bakal ana sing dilalekake, jalaran ora ana sing dipikirake.
Pakulinan iku kodrat kang nomer loro.
Pasinaon iku ora ana watese.
Pinuju bungah elinga susah, pinuju susah elinga bungah!
Prakara iku geni umpamane: yen wis mubal, angel panyirepe.
Prelu andhap asor, ora prelu ngasorake pribadi.
Rai iku pangiloning ati.
Rame ing pamrih, sepi ing pamrih. Ayo!
Ririh, rereh, ruruh. Raras.
Rumangsa pinter tandha yen bodho.
Ruwed renteging donya iki jalaran urip ora padha nindakake kabecikan.
Sabar, subur.
Saben dina umurmu suda sadina.
Salagi wong iku isih duwe kanca, ateges isih duwe piguna.
Salah, seleh.
Sapa gawe bakal nganggo, sapa nandur bakal ngundhuh.
Sapa siya-siya marang wektu ateges disiya-siya dening wektu.
Senenging ati ndawakake umur.
Solah bawamu minangka pratelane awakmu.
Sura jayaning kang rat syuh brastha tekaping ulah darmastuti.
Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti.
Tansah ngati-atia!
Tansah was-was tandha ora saras.
Teka katol raine, lunga katon gegere.
Teka katon dhadhane, lunga katon gegere.
Theleg-theleg, ati bebeg, pikir puteg. Kudu ditumpleg.
Theng. Mantheng. Aja gojag-gajeg!
Thothok-thothoka lawang yen njaluk diwengani!
Thukna kang mathis!
Thukuling katresnan diipuk-ipuk, disirami, didhangir, dirabuk; diopeni kareben wohing ndadi.
Tulungana sing pancen butuh pitulungan!
Tumanggap becik marang liyan iku becik.
Ulat memanis winor ing wicara.
Urip lan pati iku siji.
Wani miwiti kudu wani mungkasi.
Wani urip kudu wani mati
Weruh wae dosa apa maneh nglakoni.
Witing tresna jalaran saka kulina.
Wong bodho dadi pangane wong pinter.
Wong cilaka iku suda kasile, nanging ora suda tadhahe.
Wong gedhe iku ora rumangsa gedhe.
Wong lara ngarep-arep waras. Wong waras apa pangarep-arepmu?
Wong pinter iku ora rumangsa pinter.
Yen kepeksa nacad, gunakna tembung manis.
Yen kepengin mukti kudu wani mati, yen kepengin mulya kudu wani rekasa.
Yen nedya sugih kudu wani mlarat.
Yen ora kokudi apa bisa dadi?
Yen ora ngreti kang ala, ora ngreti kang becik.
Yen wis janji kudu kokleksanani.