Sabtu, 26 Mei 2012

Saloka:


Saloka: 
Unen-unen kang ajeg panganggone lan ngemu surasa pepindhan, dene sing dipindhakake iku wonge.
Andaka ketaman wisaya (saloka)
=
Tegese lugu: Bantheng kena ing pasangan.
Maksude: Wong prekaran, bareng rumangsa bakal kalah banjur lung (minggat).
Asu gedhe menang kerahe
=
Wong apangkat dhuwur lan duwe panguwasa lumrahe menang gertake.
Asu marani gebug
=
Njarag marani marang bebaya.
Ati bengkong oleh oncong
=
Duwe sedya ala oleh dalan kanggo nglakoni.
Bahni nempuh warih (saloka)
=
Tegese lugu: Geni nrajang banyu.
Maksude: Wong gugat-ginugat, sawise diadili, wong kang prakaran mau salah sijine banjur nggugat pengadilan kang ngadili.
Baladewa ilang gapite
=
Wong kang wis ilang kekuwatane utawa panguwasane.
Bathok bolu isi madu
=
Wong asor nanging duwe kaluwihan utawa kapinteran.
Bebek diwuruki nglangi
=
Wis pinter diwulang.
Bebek mungsuh mliwis
=
Wong pinter memungsuhan karo wong pinter, nanging sing siji kalah prigel lan kalah kulina.
Belo melu seton
=
Milu ing grubyuk, nanging ora weruh ing rembug (atut grubyuk, ora weruh apa-apa).
Bremana amangun lingga (saloka)
=
Tegese lugu: Kumbang ngrengga salira.
Maksude: Priya mamerake baguse utawa kaluwihane ana ing sangarepe wanita.
Cebol nggayuh lintang
=
Samubarang/gegayuhan/kekarepan kang mokal kalakone.
Cecak nguntal elo
=
Gegayuhan kang mokal bakal kelakon.
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang
=
Mitenah ing wong. Sing bener utawa becik dikandhakake ala lan kang ala dikandhakake bener utawa becik.
Dhemit ora ndulit setan ora doyan
=
Tansah nemu kaslametan. Ora ana sambekala kang bisa tumama.
Dom sumuruping banyu
=
Wong kang laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi.
Durjana mati raga (saloka)
=
Tegese lugu: Maling tirakat.
Maksude: Wong ala nekad mati.
Emprit abuntut bedhug
=
Prekara cilik dadi prekara gedhe.
Endhas gundhul dikepeti
=
Wis kepenak malah dikepenakake maneh.
Gagak lincak
=
Wong kang bola-bali pindhah panggonan.
Gagak nganggo elar merak
=
Wong asor kang caraning urip (nyandhang-manganggone) niru wong gedhe.
Gajah alingan suket teki
=
Yen lair lan batine beda mesthi bakal ketara.
Gajah elar
=
Sarwa gedhe lan santosa kekarepane.
Gajah ngidak rapah
=
Panguwasa kang nerak wewalere dhewe.
Gajah tumbuk, kancil mati ing tengah
=
Wong gedhe padha pasulayan, wong cilik mati ing sajroning pasulayan mau.



Geni Guntur anila bena (saloka)
=
Tegese lugu: Geni gelap, angin gedhe.
Geni pepindhane wong gedhe; Guntur ngibarate prentahe wong gedhe; anila bena (angin gedhe) pepindhane prentah kang ora kena dibantah.
Maksude: Dhawuhe wong gedhe ora kena dibantah.
Giri suci, jaladri pawarta, surya sasangka, anila tanu (saloka)
=
Tegese lugu: Gunung banyu, sagara banyu, srengenge rembulan, angin bunglon.
Maksude: Para kang ngadili prakara santosane panggalihe kaya gunung, resiking kaya banyu bening, kawruhe jembar kaya sagara, teranging pamriksane kaya srengenge, manising tembunge kaya rembulan, tibaning putusan kaya angin nempuh kekayon, ora kena owah utawa molah-malih kaya bunglon.
Iwak klebu ing wuwu
=
Kena paeka kanthi gampang.
Jati ketlusuban ruyung
=
-     Golonganing wong becik klebon wong ala watake.
-     Kelebon telik sandi mungsuh.
Jaran kerubuhan empyak
=
Wong kang wis kanji (kapok) nglakoni jalaran wis tau ngalami sangsara.
Kacang mangsa ninggala lanjaran
=
Wewatakane anak iku ngepleki utawa  padha karo watake wong tuwane.
Kacang tinggal lanjaran
=
Wong kang kaanane ora kaya wong tuwane.
Kebo ilang tombok kandhang
=
Kelangan kang matumpa-tumpa utawa kapitunan luwih saka sawarna.
Kebo kabotan sungu
=
Rakasa uripe amarga kakehan anak.
Kebo lumaku pinasangan
=
Goleh/njaluk diwenehi pagawean.
Kebo lumumpat palang
=
Ngadili prekara tanpa wewaton utawa paugeran kang gumathok.
Kebo mulih ing kandhang
=
-     Mulih marang papan asale sawise nglembara suwe.
-     Pangkat kang oncal saka sawijining waris (pangkat kang olehe sarana pilihan kayata lurah), wasana bisa bali marang waris iki mau.
Kebo nusu gudel
=
Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.
Kemladheyan ngajak sempal
=
-     wong ngenger gawe rusake wong kang dingengeri.
-     sadulur kang dadi tanggungan, gawe karusakan (gawe kapitunan) marang sadulur kang mitulungi.
Kere munggah bale
=
Wong asor duwe pangkat dhuwur, wekasane lali asale.
Kethek saranggon
=
Sagrombol (wong) padha golong-gilig arep gawe rerusuh utawa tumindak ala.
Kriwikan dadi grojogan
=
Prekara cilik dadi prekara gedhe.










Tidak ada komentar: