Paribasan:
Unen-unen kang ajeg
panganggone mawa teges entar (kias) lan ora ngemu surasa pepindhan.
Adigang adigung adiguna
|
=
|
Ngumukake karosane,
kasugihane, lan kapinterane.
|
Ana adulate ora ana begjane
|
=
|
Arep antuk kabegjan
nanging wekasane ora sida.
|
Ana catur mungkur
|
=
|
Lumuh (ora seneng)
ngrasani alaning liyan.
|
Anak molah bapa
kepradhah
|
=
|
Wong tuwa
nemu rekasa utawa nandhang susah jalaran pokale anak.
|
Angon mangsa
|
=
|
Golek wektu kang becik
utawa golek wektu kang prayoga
|
Angon ulat ngumbar tangan
|
=
|
Ngulat-ulati limpening
liyan awit arep njupuk barang darbeke sing dilimpe mau.
|
Becik ketitik ala
ketara
|
=
|
Tumindak
becik apa dene tumindak ala bakal ketara.
|
Benceng ceweng
|
=
|
Ora
gumolong kekarepane.
|
Blaba wuda
|
=
|
Amarga saka banget
lomane, awake dhewe nganti nandhang kekurangan.
|
Blaba wuda
|
=
|
Amarga saka banget
lomane, awake dhewe nganti nandhang kekurangan utawa rekasa uripe jalaran seneng
weweh.
|
Blilu tau pinter during nglakoni
|
=
|
Sanajan bodho sarehne
wis tau nglakoni utawa nindakake, mesthi luwih prigel tinimbang wong pinter
sing durung tau nindakake.
|
Blilu tau, pinter during nglakoni
|
=
|
Sanajan bodho sarehne
wis tau nglakoni utawa nindakake, mesthi luwih prigel tinimbang wong pinter
sing durung tau nindakake.
|
Busuk ketekuk, pinter keblinger
|
=
|
Sing bodho ngalami
cilaka amarga saka bodhone, sing pinter ngalami cilaka amarga kurang
pangati-atine.
|
Car-cor kaya kurang janganan
|
=
|
Ora bisa nyimpen wadi.
|
Cathok gawel
|
=
|
Ora diajak rembugan melu-melu.
|
Cincing-cincing meksa klebus
|
=
|
Ing pangangkah kepengin ngirit nanging
malah entek akeh.
|
Ciri-wanci lelai ginawa mati
|
=
|
Cacad (padatan) ala ora bisa ilang
nganti tumekane pati.
|
Crah agawe bubrah
|
=
|
Cecongkrahan
(tukar padu) iku bisa ndadekake bubrahing paseduluran.
|
Criwis cawis
|
=
|
(diprentah) sajak wegah
lan mbantah (madoni), nanging ing batin gelem nglakoni, lan wasanane iya
tumindak temenan.
|
Dahwen ati open
|
=
|
Nacad nilan nanging sanyatane dheweke
duwe melik.
|
Desa mawa cara, nagara
mawa tata
|
=
|
Saben
panggonan iku mesthi duwe adat lan tatacara dhewe-dhewe.
|
Dipalangana mlumpat ditali medhot
|
=
|
Puguh kekarepane, ora kena dipenggak
dening sapa bae
|
Dudu sanak dudu kadang, yen mati milu kelangan
|
=
|
Wong liya, nanging yen
wong iku nganti nandhang ora kepenak, mesthi dibelani temenan.
|
Durung ilang pupuk lempuyange
|
=
|
Dipadhakake kaya bocah
cilik (kang durung ilang pupuk lempuyange).
|
Durung kebak keselak jujul
|
=
|
Durung akeh kawruhe wis
kepengin pamer.
|
Durung pecus keselak besus
|
=
|
Durung sembada wis
kepengin sing neka-neka, umpamane kepengin omah-omah, lsp.
|
Embat-embat celarat
|
=
|
Nyambut gawe kanthi ngati-ati banget.
|
Entek ngamek kurang golek
|
=
|
Anggone ngunek-unekake sakatoge utawa
sakepenake dhewe.
|
Garang garing
|
=
|
Umuk kasugihan nanging
sejatine uripe kecingkrangan.
|
Gayuh-gayuh luput
|
=
|
Samubarang panjangka
tansah ora bisa kaleksanan.
|
Giri lusi janma tan kena
ingina
|
=
|
Cacing bae bisa
nggremet nganti tekan pucuking gunung, apa maneh manungsa, mula aja padha
ngina marang sapadhaning manungsa.
|
Gliyak-gliyak tumindak,
sareh pikoleh
|
=
|
Senajan alon olehe
nglakoni, nanging kelakon apa kang dikarepake.
|
Golek-golek ketanggor wong
luru-luru
|
=
|
Mbutuhake barang utawa
nembung utang marang liyan, nanging sing ditembungi uga uga mbutuhake barang
iku lan uga arep utang.
|
Ing madya mangun karsa
|
=
|
lamun ana tengah
nggugah semangat.
|
Ing ngarsa sung tuladha,
|
=
|
Yen ana ngarep dadi
conto.
|
Ing wuri handayani
|
=
|
Ing mburi ngawekani
(nyembadani) sakabehe.
|
Jajah desa milang kori
|
=
|
Lelungan tekan
ngendi-endi desa, kutha utawa negara kabeh wis tau ditekani (mbasakake wong
kang kerep lelungan).
|
Jalukan ora wewehan
|
=
|
Gelem njaluk ora gelem weweh.
|
Jer basuki mawa beya
|
=
|
Sakabehe gegayuha iku
mbutuhake wragad.
|
Junjung ngeblegake
|
=
|
Katone ngalembana
nanging sanyatane ngeblegake.
|
Junjung ngentebake
|
=
|
Katone ngalem nanging
sanyatane malah ngasorake.
|
Kalah cacak menang cacak
|
=
|
Samubarang apa bae iku
kasil lan orane kudu dicoba dhisik.
|
Katula-tula katali
|
=
|
Tansah
nandhang rekasa uripe.
|
Kebat kliwat, gancang
pincang
|
=
|
Yen olehe nindakake
pagawean kanthi kesusu, adate ora kebeneran utawa ora maremake.
|
Kendel ngringkel dhadhag ora kodag
|
=
|
Ngakune pinter nanging sanyatane bodho.
|
Kenes ora ethes
|
=
|
Sugih umuk nanging ora
bisa mrantasi gawe.
|
Kepara-kepere
|
=
|
Ora padha pangedume,
ana sing kakehan ana sing kesithiken.
|
Keplok ora tombok
|
=
|
Melu ngrasakake seneng
nanging ora melu cucul wragad.
|
Kocak tandha lokak
|
=
|
Wong sugih
umuk iku pratandha yen bodho.
|
Kumenthus ora pecus
|
=
|
- Rumangsa bisa nanging ora ana asile.
- Wong kang umuk nanging ora sembada.
|
Kuncung nganti gelung
|
=
|
Wiwit isih bocah cilik
nganti tumekane diwasa.
|
Ladak kecengklak
|
=
|
Nemoni kacilakan amarga
saka umuke dhewe.
|
Lambe satumang kari
samerang
|
=
|
Ngibarate wong kekeselen guneman, amarga kakehan mituturi nanging kabeh
pituture ora digubris.
|
Lengkak-lengkok ora wurung ngumbah popok
|
=
|
Bocah wadon ditari
omah-omah kawitane ora gelem, wasanane gelem malah klakon duwe anak.
|
Maju tatu mundur ajur
|
=
|
Kabeh budidayane ora
ana kasile.
|
Mbidhung api rowang
|
=
|
Jan-jane arep duwe seja
ala, nanging api-api arep tetulung.
|
Meneng widara uleren
|
=
|
Tata lair katon apik
batine ala banget.
|
Mikul dhuwur mendhem jero
|
=
|
Gawe kuncara asmane
wong tuwane.
|
Mubra-mubru blabur madu
|
=
|
Sarwa kecukupan uripe,
malah kepara turah bandha donyane.
|
nabok
|
||
Nambung laku
|
=
|
Ethok-ethok ora ngerti.
|
Nyolong pethek
|
=
|
Meleset pametheke (luput pangirane).
|
Obah ngarep kobet ing
mburi
|
=
|
Pengarep utawa pemimpin iku tindak tanduke lumrahe dienut andhahane.
|
Obah ngarep kobet mburi
|
=
|
Yen wong sing dadi
pengarep (pemimpin) gelem tumindak kanthi temenan, andhahane mesthi padha
niru kaya mangkono.
|
Ora ana banyu mili mandhuwur
|
=
|
- Watak-wantune anak adate kaya watak-wantune wong
tuwane.
- Tangeh wong mlarat weweh marang wong sugih.
|
Ora seguk ora watuk
|
=
|
Ora tau gelem sapa aruh
(takon) marang liyan.
|
Pecruk tunggu bara
|
=
|
Wong diumbar ing papan kang kebak kasenengane.
|
Pupur sadurunge benjut
|
=
|
Jaga-jaga sadurunge nemu alangan.
|
Rawe-rawe rantas
malang-malang putung
|
=
|
Samubarang apa bae kang ngalang-alani lan ngreribedi bakal disirnakake.
|
Rukun agawe santosa
|
=
|
Saiyek saeka kapti dadi
kasantosane bebrayan.
|
Sabaya pati sabaya mukti
|
=
|
Golong gilig ing sajroning seneng lan susah nganti tumekaning pati.
|
Sadumuk bathuk sanyari bumi
|
=
|
Padudon prekara emah
utawa wong wadon lumrahe dilabuhi nganti tumeka pati.
|
Salah kaprah
|
=
|
Senajan salah nanging wis lumrah, mula tetep digunakake bae.
|
Salah seleh
|
=
|
Sing salah bakal kalah.
|
Sembur-sembur adas,
siram-siram bayem
|
=
|
Antuk pamujine wong akeh, muga-muga numusi becik.
|
Sepi ing pamrih rame
ing gawe
|
=
|
Tumandang gawe tanpa duwe melik apa-apa (ora ngarep-arep diopahi).
|
Sluman slumun slamet
|
=
|
Tansah nemu slamet.
|
Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti
|
=
|
Sanajan sekti
mandraguna naming nglakoni tumindak ala, bakal sirna utawa kalah dening kang
tumindak becik.
|
Swarga nunut, neraka katut
|
=
|
Begja lan cilakane wong
wadon (bojo) gumantung marang sisihane (sing lanang).
|
Tinggal glanggang colong playu
|
=
|
Ngucira ing palagan
(mlayu saka paparangan), utawa ora tanggung jawab.
|
Tulung menthung
|
=
|
Katone nulungi nanging sejatine malah gawe rekasa wong sing ditulungi.
|
Tuna satak bathi sanak
|
=
|
Tuna sethithik ora dadi apa anggere bisa tambah sadulur.
|
Tunggal welat
|
=
|
Tunggal bapa biyung
|
Tut wuri handayani
|
=
|
Tansah aweh semangat,
njurungake karep.
|
Undhaking pawarta
sudane kiriman
|
=
|
Kabar iku lumrahe ditambah-tambahi, dene kiriman iku disuda.
|
Yitna yuwana lena kena
|
=
|
Sing ngati-ati bakal selamet, sing kurang pangati-atine bakal nemu cilaka utawa
sangsara.
|
Yoga anyongga yogi par
|
=
|
Murid nirokake
piwulange guru.
|
Yuwana mati lena
|
=
|
Senajan wis maton uripe nanging yen kurang pangati-atine bakal nemu
kasangsaran.
|