Selasa, 22 Mei 2012

PARIBASAN


Paribasan:
Unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar (kias) lan ora ngemu surasa pepindhan.
Adigang adigung adiguna
=
Ngumukake karosane, kasugihane, lan kapinterane.
Ana adulate ora ana begjane
=
Arep antuk kabegjan nanging wekasane ora sida.
Ana catur mungkur
=
Lumuh (ora seneng) ngrasani alaning liyan.
Anak molah bapa kepradhah
=
Wong tuwa nemu rekasa utawa nandhang susah jalaran pokale anak.
Angon mangsa
=
Golek wektu kang becik utawa golek wektu kang prayoga
Angon ulat ngumbar tangan
=
Ngulat-ulati limpening liyan awit arep njupuk barang darbeke sing dilimpe mau.
Becik ketitik ala ketara
=
Tumindak becik apa dene tumindak ala bakal ketara.
Benceng ceweng
=
Ora gumolong kekarepane.
Blaba wuda 
=
Amarga saka banget lomane, awake dhewe nganti nandhang kekurangan.
Blaba wuda
=
Amarga saka banget lomane, awake dhewe nganti nandhang kekurangan utawa rekasa uripe jalaran seneng weweh.
Blilu tau pinter during nglakoni
=
Sanajan bodho sarehne wis tau nglakoni utawa nindakake, mesthi luwih prigel tinimbang wong pinter sing durung tau nindakake.
Blilu tau, pinter during nglakoni 
=
Sanajan bodho sarehne wis tau nglakoni utawa nindakake, mesthi luwih prigel tinimbang wong pinter sing durung tau nindakake.
Busuk ketekuk, pinter keblinger 
=
Sing bodho ngalami cilaka amarga saka bodhone, sing pinter ngalami cilaka amarga kurang pangati-atine.
Car-cor kaya kurang janganan
=
Ora bisa nyimpen wadi.
Cathok gawel
=
Ora diajak rembugan melu-melu.
Cincing-cincing meksa klebus
=
Ing pangangkah kepengin ngirit nanging malah entek akeh.
Ciri-wanci lelai ginawa mati
=
Cacad (padatan) ala ora bisa ilang nganti tumekane pati.
Crah agawe bubrah
=
Cecongkrahan (tukar padu) iku bisa ndadekake bubrahing paseduluran.
Criwis cawis 
=
(diprentah) sajak wegah lan mbantah (madoni), nanging ing batin gelem nglakoni, lan wasanane iya tumindak temenan.
Dahwen ati open
=
Nacad nilan nanging sanyatane dheweke duwe melik.
Desa mawa cara, nagara mawa tata
=
Saben panggonan iku mesthi duwe adat lan tatacara dhewe-dhewe.
Dipalangana mlumpat ditali  medhot
=
Puguh kekarepane, ora kena dipenggak dening sapa bae
Dudu sanak dudu kadang, yen mati milu kelangan
=
Wong liya, nanging yen wong iku nganti nandhang ora kepenak, mesthi dibelani temenan.
Durung ilang pupuk lempuyange
=
Dipadhakake kaya bocah cilik (kang durung ilang pupuk lempuyange).
Durung kebak keselak jujul
=
Durung akeh kawruhe wis kepengin pamer.
Durung pecus keselak besus
=
Durung sembada wis kepengin sing neka-neka, umpamane kepengin omah-omah, lsp.
Embat-embat celarat
=
Nyambut gawe kanthi ngati-ati banget.
Entek ngamek kurang golek
=
Anggone ngunek-unekake sakatoge utawa sakepenake dhewe.
Garang garing
=
Umuk kasugihan nanging sejatine uripe kecingkrangan.
Gayuh-gayuh luput
=
Samubarang panjangka tansah ora bisa kaleksanan.
Giri lusi janma tan kena ingina
=
Cacing bae bisa nggremet nganti tekan pucuking gunung, apa maneh manungsa, mula aja padha ngina marang sapadhaning manungsa.
Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh
=
Senajan alon olehe nglakoni, nanging kelakon apa kang dikarepake.
Golek-golek ketanggor wong luru-luru
=
Mbutuhake barang utawa nembung utang marang liyan, nanging sing ditembungi uga uga mbutuhake barang iku lan uga arep utang.
Ing madya mangun karsa
=
lamun ana tengah nggugah semangat.
Ing ngarsa sung tuladha,
=
Yen ana ngarep dadi conto.
Ing wuri handayani
=
Ing mburi ngawekani (nyembadani) sakabehe.
Jajah desa milang kori
=
Lelungan tekan ngendi-endi desa, kutha utawa negara kabeh wis tau ditekani (mbasakake wong kang kerep lelungan).
Jalukan ora wewehan
=
Gelem njaluk ora gelem weweh.
Jer basuki mawa beya
=
Sakabehe gegayuha iku mbutuhake wragad.
Junjung ngeblegake
=
Katone ngalembana nanging sanyatane ngeblegake.
Junjung ngentebake
=
Katone ngalem nanging sanyatane malah ngasorake.
Kalah cacak menang cacak
=
Samubarang apa bae iku kasil lan orane kudu dicoba dhisik.
Katula-tula katali
=
Tansah nandhang rekasa uripe.
Kebat kliwat, gancang pincang
=
Yen olehe nindakake pagawean kanthi kesusu, adate ora kebeneran utawa ora maremake.
Kendel ngringkel dhadhag ora kodag
=
Ngakune pinter nanging sanyatane bodho.
Kenes ora ethes
=
Sugih umuk nanging ora bisa mrantasi gawe.
Kepara-kepere
=
Ora padha pangedume, ana sing kakehan ana sing kesithiken.
Keplok ora tombok
=
Melu ngrasakake seneng nanging ora melu cucul wragad.
Kocak tandha lokak
=
Wong sugih umuk iku pratandha yen bodho.
Kumenthus ora pecus
=
-     Rumangsa bisa nanging ora ana asile.
-     Wong kang umuk nanging ora sembada.
Kuncung nganti gelung 
=
Wiwit isih bocah cilik nganti tumekane diwasa.
Ladak kecengklak
=
Nemoni kacilakan amarga saka umuke dhewe.
Lambe satumang kari samerang
=
Ngibarate wong kekeselen guneman, amarga kakehan mituturi nanging kabeh pituture ora digubris.
Lengkak-lengkok ora wurung ngumbah popok 
=
Bocah wadon ditari omah-omah kawitane ora gelem, wasanane gelem malah klakon duwe anak.
Maju tatu mundur ajur
=
Kabeh budidayane ora ana kasile.
Mbidhung api rowang 
=
Jan-jane arep duwe seja ala, nanging api-api arep tetulung.
Meneng widara uleren
=
Tata lair katon apik batine ala banget.
Mikul dhuwur mendhem jero
=
Gawe kuncara asmane wong tuwane.
Mubra-mubru blabur madu
=
Sarwa kecukupan uripe, malah kepara turah bandha donyane.
nabok


Nambung laku 
=
Ethok-ethok ora ngerti.
Nyolong pethek
=
Meleset pametheke (luput pangirane).
Obah ngarep kobet ing mburi
=
Pengarep utawa pemimpin iku tindak tanduke lumrahe dienut andhahane.
Obah ngarep kobet mburi 
=

Yen wong sing dadi pengarep (pemimpin) gelem tumindak kanthi temenan, andhahane mesthi padha niru kaya mangkono.
Ora ana banyu mili mandhuwur
=
-     Watak-wantune anak adate kaya watak-wantune wong tuwane.
-     Tangeh wong mlarat weweh marang wong sugih.
Ora seguk ora watuk
=
Ora tau gelem sapa aruh (takon) marang liyan.
Pecruk tunggu bara
=
Wong diumbar ing papan kang kebak kasenengane.
Pupur sadurunge benjut
=
Jaga-jaga sadurunge nemu alangan.
Rawe-rawe rantas malang-malang putung
=
Samubarang apa bae kang ngalang-alani lan ngreribedi bakal disirnakake.
Rukun agawe santosa
=
Saiyek saeka kapti dadi kasantosane bebrayan.
Sabaya pati sabaya mukti
=
Golong gilig ing sajroning seneng lan susah nganti tumekaning pati.
Sadumuk bathuk sanyari bumi 
=
Padudon prekara emah utawa wong wadon lumrahe dilabuhi nganti tumeka pati.
Salah kaprah
=
Senajan salah nanging wis lumrah, mula tetep digunakake bae.
Salah seleh
=
Sing salah bakal kalah.
Sembur-sembur adas, siram-siram bayem
=
Antuk pamujine wong akeh, muga-muga numusi becik.
Sepi ing pamrih rame ing gawe
=
Tumandang gawe tanpa duwe melik apa-apa (ora ngarep-arep diopahi).
Sluman slumun slamet
=
Tansah nemu slamet.
Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti
=
Sanajan sekti mandraguna naming nglakoni tumindak ala, bakal sirna utawa kalah dening kang tumindak becik.
Swarga nunut, neraka katut 
=
Begja lan cilakane wong wadon (bojo) gumantung marang sisihane (sing lanang).
Tinggal glanggang colong playu
=
Ngucira ing palagan (mlayu saka paparangan), utawa ora tanggung jawab.
Tulung menthung
=
Katone nulungi nanging sejatine malah gawe rekasa wong sing ditulungi.
Tuna satak bathi sanak
=
Tuna sethithik ora dadi apa anggere bisa tambah sadulur.
Tunggal welat
=
Tunggal bapa biyung
Tut wuri handayani
=
Tansah aweh semangat, njurungake karep.
Undhaking pawarta sudane kiriman
=
Kabar iku lumrahe ditambah-tambahi, dene kiriman iku disuda.
Yitna yuwana lena kena  
=
Sing ngati-ati bakal selamet, sing kurang pangati-atine bakal nemu cilaka utawa  sangsara.
Yoga anyongga yogi par
=
Murid nirokake piwulange guru.
Yuwana mati lena 
=
Senajan wis maton uripe nanging yen kurang pangati-atine bakal nemu kasangsaran.



Selasa, 01 Mei 2012

BUDI PEKERTI

        
                       BASA LELUNGIDAN
                    (Kata Mutiara)

-
Aja dumeh!

-
Aja gampang precaya amarga gampang diapusi.

-
Aja ndakwa wong sing ora ana!

-
Aja ndeleng sapa kang ngomong nanging delengen lan rungokna apa kang dikandhakake.

-
Aja ngandhakake apa bae kang ora kokngerteni!

-
Aja seneng najad yen ora seneng dicacad.

-
Aku iki sapa, aku iki apa? Kawruhana!

-
Bares, beres.

-
Becik ketitik ala ketara.

-
Becik nacada cacadmu dhewe!

-
Beda kulit beda anggit.

-
Begja-begjaning kang lali, isih begja kang eling lan waspada.

-
Cacade dhewe ora tau katon?

-
Cag-ceg sauger cocog.

-
Calon durung mesthi klakon.

-
Carane sinau iya kudu disinau.

-
Cipta, rasa, karsa, lan daya kudu saeka.

-
Dadia ragi sarta uyahing bebrayan!

-
Darma bektimu apa? Takona marang awakmu dhewe!

-
Den bisa ajur-ajer.

-
Dhalang mangsa kuranga lakon.

-
Dhasare kawruh iku ora pracaya. Dhasare agama: pracaya

-
Dhasare manungsa iku kinodrat becik. Buktine emoh diarani ala.

-
Dhasaring ngaurip iku gotong-royong.

-
Dhasaring tresna: Katresnan.

-
Dipikir, ditandangi, didhadhagi.

-
Duwe sedya becik ora enggal koktindakake padha karo ndeder wiji laraning ati.

-
Gajah mati ninggal gadhing, manungsa mati ninggal aran.

-
Gemi iku becik. Mung gemining wong cethil iku kang ora becik.

-
Gunakna tepa slira!

-
Guru. Digugyu? Ditiru?

-
Ing ngarsa sung tuladha. Ing madya mangun karsa. Tut wuri handayani.

-
Jangkamu jangkahen!

-
Jare njaluk digugu, lha kok goroh?

-
Jeneng tresna kudu wani nglabuhi lara lan sangsara.

-
Jiwa kang saras dumunung ing raga kang waras.

-
Jun iku yen lokak, kocak-kacik.

-
Kabecikan iku tansah ana sanajan tanpa tumindak ala.

-
Kabeh kang lagi wiwit iku angel.

-
Kang wani kang wenang.

-
Kapinteran iku ora ana watese.

-
Kautaman kang kudu kokutamakake!

-
Kawiranganing liyan tambuhana!

-
Kawruhana: Hakmu apa, wajibmu apa!

-
Kekarepan bisa nuwuhake tumindak culika.

-
Lair iku utusaning batin.

-
Lamun manungsa bisa nyirnakake pangangen-angene, bisa dadi dewa.

-
Lembah manah gawe kuncaraning pribadi.

-
Lumrah yen asu gedhe menang kerahe.

-
Luputing liyan. Benere dhewe. Padha nggelani. Kok ora adil?

-
Luwih becik ngapura tinimbang dingapura.

-
Luwih becik weweh tinimbang diwewehi.

-
Luwih beciok mati tinimbang urip nanging jirih.

-
Luwih mbebayani mogol ing panggulawenthah tinimbang mogol ing pasinaon.

-
Mamerake pintermu padha bae mamerake bodhomu. Gemi, setiti, ngati-ati. Kudu diudi!

-
Mangan amrih urip, ora urip amrih mangan.

-
Melik nggendhong lali.

-
Meneng anggere menang.

-
Momor, momot, momong. Mesthi mikolehi.

-
Nandur kabecikan, panen kabecikan.

-
Nangisa sajroning seneng, ngguyua sajroning susah.

-
Nepsu iku abdi kang setya, bendara kang jail.

-
Ngajeni ing liyan ateges ngajeni awakmu dhewe.

-
Ngaya gelis tuwa.

-
Ngelihana wetengmu, waregana atimu.

-
Ngreti manawa ora ngreti. Sinaua!

-
Ngudia amrih ditiru, aja mung tiru-tiru bae.

-
Ngunggulake dhiri bakal diasorake, sapa andhap asor bakal diunggulake.

-
Nirua kang becik!

-
Nistha, madya, utama. Sira kudu bisa mbedakake.

-
Nuruta kang bener!

-
Nyabarake atine dhewe bae ora bisa, mendah nyabarake atining liyan.

-
Nyampurnakake urip klawan sucining ati.

-
Nyata pinter ora kuminter

-
Nyenyelengi. Njagani kang ora kanyana-nyana.

-
Ora bakal ana sing dilalekake, jalaran ora ana sing dipikirake.

-
Pakulinan iku kodrat kang nomer loro.

-
Pasinaon iku ora ana watese.

-
Pinuju bungah elinga susah, pinuju susah elinga bungah!

-
Prakara iku geni umpamane: yen wis mubal, angel panyirepe.

-
Prelu andhap asor, ora prelu ngasorake pribadi.

-
Rai iku pangiloning ati.

-
Rame ing pamrih, sepi ing pamrih. Ayo!

-
Ririh, rereh, ruruh. Raras.

-
Rumangsa pinter tandha yen bodho.

-
Ruwed renteging donya iki jalaran urip ora padha nindakake kabecikan.

-
Sabar, subur.

-
Saben dina umurmu suda sadina.

-
Salagi wong iku isih duwe kanca, ateges isih duwe piguna.

-
Salah, seleh.

-
Sapa gawe bakal nganggo, sapa nandur bakal ngundhuh.

-
Sapa siya-siya marang wektu ateges disiya-siya dening wektu.

-
Senenging ati ndawakake umur.

-
Solah bawamu minangka pratelane awakmu.

-
Sura jayaning kang rat syuh brastha tekaping ulah darmastuti.

-
Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti.

-
Tansah ngati-atia!

-
Tansah was-was tandha ora saras.

-
Teka katol raine, lunga katon gegere.

-
Teka katon dhadhane, lunga katon gegere.

-
Theleg-theleg, ati bebeg, pikir puteg. Kudu ditumpleg.

-
Theng. Mantheng. Aja gojag-gajeg!

-
Thothok-thothoka lawang yen njaluk diwengani!

-
Thukna kang mathis!

-
Thukuling katresnan diipuk-ipuk, disirami, didhangir, dirabuk; diopeni kareben wohing ndadi.

-
Tulungana sing pancen butuh pitulungan!

-
Tumanggap becik marang liyan iku becik.

-
Ulat memanis winor ing wicara.

-
Urip lan pati iku siji.

-
Wani miwiti kudu wani mungkasi.

-
Wani urip kudu wani mati

-
Weruh wae dosa apa maneh nglakoni.

-
Witing tresna jalaran saka kulina.

-
Wong bodho dadi pangane wong pinter.

-
Wong cilaka iku suda kasile, nanging ora suda tadhahe.

-
Wong gedhe iku ora rumangsa gedhe.

-
Wong lara ngarep-arep waras. Wong waras apa pangarep-arepmu?

-
Wong pinter iku ora rumangsa pinter.

-
Yen kepeksa nacad, gunakna tembung manis.
-
Yen kepengin mukti kudu wani mati, yen kepengin mulya kudu wani rekasa.
-
Yen nedya sugih kudu wani mlarat.
-
Yen ora kokudi apa bisa dadi?
-
Yen ora ngreti kang ala, ora ngreti kang becik.
-
Yen wis janji kudu kokleksanani.



                                                                               cpt-purba