Rabu, 30 Mei 2012

TEMBUNG ENTAR


  TEMBUNG ENTAR  (makna kias)

abang kupinge
=
nesu
adol bagus/adol ayu
=
mamerake baguse utawa ayune
ambata rubuh
=
rame banget
asuku jaja
=
wani rekasa utawa rekasa banget
banyu bening
=
kawruh
buthek banyune
=
kisruh
dawa tangane
=
seneng colong jupuk duweke liyan,  clemer
ilat baya
=
seneng mangan
jembar dhadhane
=
sabar
jembar kawruhe
=
akeh ngelmune utawa pinter
jembar kubure
=
mlebu swarga
jembar polatane
=
pinter
jembar segarane
=
sugih pangapurane
kagugah atine
=
eling
kakehan tangan
=
kakehan sing tumandang
kaku atine
=
wangkal, tansah ora gathuk
kandel kupinge
=
ora nggugu pitutur becik
kasar tembunge
=
ucape sarwa kasar (rusuh)
katon dhadhane
=
wani adu arep
kembang lambe
=
dadi pocapanning liyan
kumpul kebo
=
slingkuh
kuping waja
=
mbudheg
landhep pikirane
=
pinter
lara ati
=
serik
lara ayu
=
cacaren
lara owah
=
gendheng, edan
lobok atine
=
sabar
lumah tangan
=
ora melu cawe-cawe
lumuh tangan
=
kesed
lunyu ilate
=
mencla-mencle
lurus lakune
=
jujur
nitik asu
=
ora ngerti kabecikan
panen mata
=
akeh sesawangan
pinter kebo
=
bodho banget
rai gedheg
=
ndableg
rembesing madu
=
tedhake wong pinter
teken janggut
=
wani kangelan
trahing kusuma
=
tedhaking ngaluhur, ratu

Sabtu, 26 Mei 2012

Saloka:


Saloka: 
Unen-unen kang ajeg panganggone lan ngemu surasa pepindhan, dene sing dipindhakake iku wonge.
Andaka ketaman wisaya (saloka)
=
Tegese lugu: Bantheng kena ing pasangan.
Maksude: Wong prekaran, bareng rumangsa bakal kalah banjur lung (minggat).
Asu gedhe menang kerahe
=
Wong apangkat dhuwur lan duwe panguwasa lumrahe menang gertake.
Asu marani gebug
=
Njarag marani marang bebaya.
Ati bengkong oleh oncong
=
Duwe sedya ala oleh dalan kanggo nglakoni.
Bahni nempuh warih (saloka)
=
Tegese lugu: Geni nrajang banyu.
Maksude: Wong gugat-ginugat, sawise diadili, wong kang prakaran mau salah sijine banjur nggugat pengadilan kang ngadili.
Baladewa ilang gapite
=
Wong kang wis ilang kekuwatane utawa panguwasane.
Bathok bolu isi madu
=
Wong asor nanging duwe kaluwihan utawa kapinteran.
Bebek diwuruki nglangi
=
Wis pinter diwulang.
Bebek mungsuh mliwis
=
Wong pinter memungsuhan karo wong pinter, nanging sing siji kalah prigel lan kalah kulina.
Belo melu seton
=
Milu ing grubyuk, nanging ora weruh ing rembug (atut grubyuk, ora weruh apa-apa).
Bremana amangun lingga (saloka)
=
Tegese lugu: Kumbang ngrengga salira.
Maksude: Priya mamerake baguse utawa kaluwihane ana ing sangarepe wanita.
Cebol nggayuh lintang
=
Samubarang/gegayuhan/kekarepan kang mokal kalakone.
Cecak nguntal elo
=
Gegayuhan kang mokal bakal kelakon.
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang
=
Mitenah ing wong. Sing bener utawa becik dikandhakake ala lan kang ala dikandhakake bener utawa becik.
Dhemit ora ndulit setan ora doyan
=
Tansah nemu kaslametan. Ora ana sambekala kang bisa tumama.
Dom sumuruping banyu
=
Wong kang laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi.
Durjana mati raga (saloka)
=
Tegese lugu: Maling tirakat.
Maksude: Wong ala nekad mati.
Emprit abuntut bedhug
=
Prekara cilik dadi prekara gedhe.
Endhas gundhul dikepeti
=
Wis kepenak malah dikepenakake maneh.
Gagak lincak
=
Wong kang bola-bali pindhah panggonan.
Gagak nganggo elar merak
=
Wong asor kang caraning urip (nyandhang-manganggone) niru wong gedhe.
Gajah alingan suket teki
=
Yen lair lan batine beda mesthi bakal ketara.
Gajah elar
=
Sarwa gedhe lan santosa kekarepane.
Gajah ngidak rapah
=
Panguwasa kang nerak wewalere dhewe.
Gajah tumbuk, kancil mati ing tengah
=
Wong gedhe padha pasulayan, wong cilik mati ing sajroning pasulayan mau.



Geni Guntur anila bena (saloka)
=
Tegese lugu: Geni gelap, angin gedhe.
Geni pepindhane wong gedhe; Guntur ngibarate prentahe wong gedhe; anila bena (angin gedhe) pepindhane prentah kang ora kena dibantah.
Maksude: Dhawuhe wong gedhe ora kena dibantah.
Giri suci, jaladri pawarta, surya sasangka, anila tanu (saloka)
=
Tegese lugu: Gunung banyu, sagara banyu, srengenge rembulan, angin bunglon.
Maksude: Para kang ngadili prakara santosane panggalihe kaya gunung, resiking kaya banyu bening, kawruhe jembar kaya sagara, teranging pamriksane kaya srengenge, manising tembunge kaya rembulan, tibaning putusan kaya angin nempuh kekayon, ora kena owah utawa molah-malih kaya bunglon.
Iwak klebu ing wuwu
=
Kena paeka kanthi gampang.
Jati ketlusuban ruyung
=
-     Golonganing wong becik klebon wong ala watake.
-     Kelebon telik sandi mungsuh.
Jaran kerubuhan empyak
=
Wong kang wis kanji (kapok) nglakoni jalaran wis tau ngalami sangsara.
Kacang mangsa ninggala lanjaran
=
Wewatakane anak iku ngepleki utawa  padha karo watake wong tuwane.
Kacang tinggal lanjaran
=
Wong kang kaanane ora kaya wong tuwane.
Kebo ilang tombok kandhang
=
Kelangan kang matumpa-tumpa utawa kapitunan luwih saka sawarna.
Kebo kabotan sungu
=
Rakasa uripe amarga kakehan anak.
Kebo lumaku pinasangan
=
Goleh/njaluk diwenehi pagawean.
Kebo lumumpat palang
=
Ngadili prekara tanpa wewaton utawa paugeran kang gumathok.
Kebo mulih ing kandhang
=
-     Mulih marang papan asale sawise nglembara suwe.
-     Pangkat kang oncal saka sawijining waris (pangkat kang olehe sarana pilihan kayata lurah), wasana bisa bali marang waris iki mau.
Kebo nusu gudel
=
Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.
Kemladheyan ngajak sempal
=
-     wong ngenger gawe rusake wong kang dingengeri.
-     sadulur kang dadi tanggungan, gawe karusakan (gawe kapitunan) marang sadulur kang mitulungi.
Kere munggah bale
=
Wong asor duwe pangkat dhuwur, wekasane lali asale.
Kethek saranggon
=
Sagrombol (wong) padha golong-gilig arep gawe rerusuh utawa tumindak ala.
Kriwikan dadi grojogan
=
Prekara cilik dadi prekara gedhe.










Kamis, 24 Mei 2012

PITUTUR LUHUR

PITUTUR LUHUR

  1. Jun iku yen lukak kocak, bisane meneng-anteng yen kebak. Sapi wadon kang seru swarane, sethithik powane. Wong kang ala rupane, polahe digawe-gawe. Wong wuta sastra, wicarane kasar ora ngresepake.
  2. Tetesing banyu bisa mecahake watu kang ketiban. Ya gene manungsa ora gelem ngajegake nglakoni tumundak becik kang bisa mecahake karanging kabegjan?
  3. Menawa ana madu campur karo wisa, alapen madune bae. Yen ana kencana campur karo tinja, jupuken kencanane , kumbahen. Wong utama kang sugih kawruh, sanajan turune sudra, prayoga raketana. Wanita utama kang sulistya ing warna, sanajan turune wong asor, pantes dadi garwane wong gedhe.
  4. Wong iku ana kang ora ngelingi yen urip ana ing alam donya iku ora langgeng. Wong-wong kang padha eling marang bab iku, lumrahe padha ngemohi regejegan lan pasulayan.
  5. “Dheweke ngalahake aku, nglarani aku, ngrayah barang darbekku.”  Manungsa kang kasinungan pikiran kaya mangkono iku, tartamtu tansah ndarbeni rasa gething marang liyan. Dene manungsa sing sepi ing pikiran kaya mangkono, sirna pangigit-igiting marang liyan.
  6. Ajining mangsa ngungkuli ajine raja-brana, suprandene akeh wong kang dhemen ngeceh-eceh mangsa.
  7. Uni becik lan uni ala padha-padha ngobahake uwang. Yagene kowe dhemen adol uni ala kang sithik regane, tinimbang uni becik kang larang regane.
  8. Yen kowe resik, aja susah atimu ditarka nglakoni kaluputan, umpamakna kowe bagas-kuwarasan diarani lara.
  9. Sing sapa ngraketi mitra anyar ngedohi mitra lawas, iku prasasat ngurupake wowohan oleh kembang.
  10. Kawruh kang kasimpen iku umpamane mawa kapendhem ing awu, sirnane tanpa pakoleh.

(Kapethik saka: Memetri Basa Jawi I, II, III)

cpt-baniba